Pupuh Pangkur Pengertian Guru Gatra, Lagu Wilangan Contoh Lengkap!


Pengertian Tembang Pangkur

Pupuh Pangkur Pengertian Guru Gatra, Lagu Wilangan Contoh Lengkap!
Pupuh Pangkur Pengertian Guru Gatra, Lagu Wilangan Contoh Lengkap!


Menurut Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI) versi daring, tembang pangkur biasanya dipakai untuk mengungkapkan hal-hal yang bersifat keras, seperti kemarahan, perkelahian, dan perang. Tembang pangkur termasuk salah satu dari sebelas tembang macapat.

Dalam KBBI, macapat ialah bentuk bentuk puisi Jawa tradisional yang setiap baitnya mempunyai baris kalimat (gatra) tertentu, setiap gatra mempunyai jumlah suku kata (guru wilangan) tertentu, dan berakhir pada bunyi sanjak akhir (guru lagu; guru suara tertentu), misalnya Dandanggula, Kinanti, Maskumambang.


Guru Gatra, Lagu Wilangan  Tembang Pangkur

Tembang pangkur memiliki Guru Gatra: 7 baris setiap bait (Artinya tembang Pangkur ini memiliki 7 larik atau baris kalimat).

Guru wilangan tembang pangkur yak: 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8 (Artinya baris pertama terdiri dari 8 suku kata, baris kedua berisi 11 suku kata, dan seterusnya), dan Guru Lagu Tembang Pangkur yaitu: a, i, u, a, u, a, i (Artinya baris pertama berakhir dengan vokal a, baris kedua berakhir vokal i, dan seterusnya).


Watak Tembang Pangkur

Tembang pangkur sering digunakan untuk menyampaikan pitutur atau nasihat dengan kasih sayang. Dalam buku 'Filsafat Ku' karya Wafa Aldawamy yang dikutip detikJabar, nasihat tersirat itu menggambarkan kehidupan yang menjauhi berbagai hawa nafsu dan angkara murka.

Tembang pangkur dapat membimbing seseorang dalam proses mendekatkan diri kepada Tuhan. Tembang pangkur juga dapat memengaruhi kehidupan orang-orang yang banyak melakukan perbuatan tidak terpuji.

Manusia dilatih untuk membedakan hal yang positif dan negatif dalam hidup.

Dalam menjalani kehidupan, manusia berlandaskan pada aspek:

1. Deduga: Mempertimbangkan segala sesuatu sebelum bertindak.

2. Prayoga: Mempertimbangkan hal positif terhadap segala sesuatu yang akan dilaksanakan.

3. Warata: Mempertimbangkan kemungkinan terburuk dari apa yang akan dilaksanakan.

4. Reringa: Berhati-hati dalam menghadapi sesuatu yang belum ada kejelasannya.


Contoh Pupuh Pangkur Dan Artinya

1
Mingkar mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah Jawa
Agama ageming aji
Nebihi sipat awon
amargi remen kagem ndhidhik putra
katata ing endahing tembang
dipaes supados endah
supados kagayuh budi pakarti ingkang luhur
ingkang wonten ing tanah Jawi
agama minangka paugeran utama.
Meredam nafsu angkara dalam diri 
hendak berkenan mendidik putra-putri 
tersirat dalam indahnya tembang 
dihias penuh variasi 
agar menjiwai hakekat ilmu luhur, 
yang berlangsung di tanah Jawa (Nusantara) 
agama sebagai “pakaian” kehidupan. 

2
Jinejer neng Wedatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa,
Yekti sepi asepa lir sepah samun,
Samangsane pasamuan
Gonyak ganyuk nglelingsemi
Disusun ing Serat Wedhatama
supados boten kendho budi ingkang sae
sanajan sampun sepuh lan pikun
yen boten mangertos ilmu raos
estu sepi kados sepah ing tanpa guna
wonten ing pakumpulan
tumindakipun crobo lan ngisin-isini.
Disajikan dalam serat Wedhatama
agar jangan miskin pengetahuan
walaupun sudah tua pikun
jika tidak memahami rasa sejati (batin)
niscaya kosong tiada berguna
bagai ampas, percuma sia-sia,
di dalam setiap pertemuan
sering bertindak ceroboh memalukan.

3
Nggugu karsaning priyangga
Nora nganggo peparah lamun angling
Lumuh ing ngaran balilu
Uger guru aleman
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamun ing samudana
Sesadon ingadu manis 
Nuruti pikajenganipun piyambak
boten aturan menawi atur pangandikan
nanging boten purun dipunanggep bodho
remen dipunalem
Dene manungsa ingkang sampun mangertos ilmu sejati
boten saged dipunsangka
tumindakipun tansah sae.
Mengikuti kemauan sendiri
Bila berkata tanpa dipertimbangkan (asal bunyi)
Namun tak mau dianggap bodoh
Selalu berharap dipuji-puji
(sebaliknya) Ciri orang yang sudah memahami (ilmu sejati) 
tak bisa ditebak
berwatak rendah hati, selalu berprasangka baik.

4
Si pengung nora nglegewa
Sangsaya rda denira cacariwis
Ngandhar-andhar angendhukur
Kandhane nora kaprah
saya elok alangka longkanganipun
Si wasis waskitha ngalah
Ngalingi marang si pingging 
Si bodho boten mangertos
wicantenanipun saya ndadra
nglantur boten kantenan
wicantenanipun boten kaprah
saya aneh boten wonten andhege 
Si pinter nggateaken lan ngalah
nutupi kaawonanipun si bodho.
Si dungu tidak menyadari 
bualannya semakin menjadi jadi
ngelantur bicara yang tidak-tidak 
bicaranya tidak masuk akal 
makin aneh tak ada jedanya 
(lain halnya) Si Pandai cermat dan mengalah 
menutupi aib si bodoh.

5
Mangkono ngelmu kang nyata
Sanyatane mung weh reseping ati
Bungah ingaran cubluk
Sukeng tyas yen denina
Nora kaya si punggung anggung gumrunggung
Ugungan sadina dina
Aja mangkono wong urip
Mekaten ilmu ingkang nyata
ing kasunyatan maringi katentreman ati
remen dipunarani bodho
tetep remen menawi dipunina
boten kados Si bodho ingkang tansah kumalungkung
remen dipunalem saben dinten
sampun mekaten tiyang gesang menika.
Demikianlah ilmu yang nyata
Senyatanya memberikan ketentraman hati
Tidak merana katakan bodoh
Tetap gembira jika dihina
Tidak seperti si dungu yang selalu sombong
Ingin dipuji setiap hari
Janganlah begitu caranya orang hidup.

6
Uripe sepisan rusak
Nora mulur nalare ting saluwir
Kadi ta guwa kang sirung
Sinerang ing maruta
Gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung
Pindha padhane si mudha
Prandene paksa kumaki
Gesang sepisan mawon risak
boten ngrembaka, nalaripun risak.
Upaminipun guwa ingkang peteng nggegirisi
dipunterak angin
swantenipun nggerem gumrunggung.
Kadosdene watak pemudha
taksih gadhah raos kumaki.
Hidup sekali saja berantakan
Tidak berkembang, pola pikirnya carut marut.
Umpama goa gelap menyeramkan
dihembus angin
Suaranya gemuruh menggeram
berdengung.
Seperti halnya watak anak muda
masih pula berlagak congkak.

7
Kikisane mung sapala
Palayune ngendelken yayah wibi
Bangkit tur bangsaning luhur
Lha iya ingkang rama
Balik sira sarawungan bae durung
Mring atining tata krama
Nggon anggon agama suci
Tujuan/ ancas gesangipun cendhek
lampahipun ngandelaken tiyang sepuhipun
ingkang katingal minulya
nanging menika bapakipun
dene sampeyan mangertos mawon ugi dereng
marang tatakrama
ing ajaran agama ingkang suci.
Tujuan hidupnya begitu rendah
maunya mengandalkan orang tuanya
yang terpandang serta bangsawan
itu kan ayahmu
sedangkan kamu kenal saja belum
akan hakikatnya tata krama
dalam ajaran yang suci.

8
Socaning jiwangganira
Jer katara lamun pocapan pasthi
Lumuh asor kudu unggul
Semengah sesongaran
Yen mangkono kena ingaran katungkul
Karem ing reh kaprawiran
Nora enak iku kaki
Gambaran saking jiwa ragamu
katingal cetha najan tuturipun alus
sipat boten purun ngalah, kedah paling unggul
umuk, kathah wicantenan.
Menawi ingkang mekaten, dipunsebat tiyang ingkang katungkul
nyombongaken marang dhiri piyambak
menika boten sae, Nak. 
Cerminan dari dalam jiwa ragamu
nampak jelas walau tutur kata halus
sifat pantang kalah maunya menang sendiri
sombong besar mulut.
Bila demikian itu, disebut orang yang terlen
puas diri berlagak tinggi
tidak baik itu, Nak.

9
Kekerane ngelmu karang
Kekarangan saking bangsaning gaib
Iku boreh paminipun
Tan rumasuk ing jasad
Amung aneng sajabaning daging kulup
Yen kapengok pancabaya
Ubayane mbalenjani
Ing ilmu ingkang dipun rekadaya
rekadaya saking bangsa ghaib
menika umpaminipun wedhak
boten nresep ing jasad
namung wonten ing sajawinipun kulit.
Yen kenging bebaya
sagedipun namung ngendhani.
Di dalam ilmu yang dikarang-karang (sihir/rekayasa)
rekayasa dari hal-hal gaib
itu umpama bedak
tidak meresap ke dalam jasad,
hanya ada di kulitnya saja nak
bila terbentur marabahaya,
bisanya menghindari.

10
Marma ing sabisa-bisa
Bebasane muriha tyas basuki
Puruita-a kang patut
Lan traping angganira
Ana uga angger ugering kaprabun
Abon aboning panembah
Kang kambah ing siyang ratri
Pramila sasaged-sagedipun
ngupayaaken tansah nggadhahi ati ingkang sae
maguru kanthi trep
ingkang sami kaliyan sampeyan.
Wonten ugi aturan lan paugeran negara
syarat tumrap abdi
ingkang lumampah siyang dalu.
Maka dari itu sebisa-bisanya
upayakan selalu berhati baik
bergurulah secara tepat
yang sesuai dengan dirimu.
Ada juga peraturan dan pedoman bernegara
menjadi syarat bagi yang berbakti
yang berlaku siang malam.

11
Iku kaki takok-ena
marang para sarjana kang martapi
Mring tapaking tepa tulus
Kawawa nahen hawa
Wruhanira mungguh sanyataning ngelmu
Tan mesthi neng janma wredha
Tuwin mudha sudra kaki
Nak, coba nyuwun pirsa
marang para sarjana ingkang saweg ngudi ngelmu
marang para suri tuladha ingkang leres
sanggup nahan hawa nepsu.
Kawruh sampeyan inggih sanyatanipun ngelmu
boten mesthi ing tiyang ingkang sepuh
ugi ing para mudha sarta kekirangan.
Itulah Nak, tanyakan
kepada para sarjana yang menimba ilmu
kepada jejak hidup para suri tauladan yang benar
dapat menahan hawa nafsu.
Pengetahuanmu adalah senyatanya ilmu,
Yang tidak harus dikuasai orang tua,
Bisa juga bagi yang muda atau miskin, Nak!

12
Sapantuk wahyuning Allah
Gya dumilah mangulah ngelmu bangkit
Bangkit mikat reh mangukut
Kukutaning jiwangga
Yen mengkono kena sinebut wong sepuh
Lire sepuh sepi hawa
Awas roroning atunggil
Sinten ingkang pikantuk wahyu Gusti
kanthi cepet lan trep nampi ngelmu
saged nguwasani ngelmu kasampurnan
kasampurnan jiwaraga.
Yen mekaten kasebat tiyang sepuh
ingkang ateges boten dipunkuwasani hawa nepsu
mangertos manunggaling kawula Gusti
Siapapun yang menerima wahyu Tuhan
dengan cermat mencerna ilmu tinggi
mampu menguasai ilmu kasampurnan
kesempurnaan jiwa raga.
Bila demikian pantas disebut “orang tua”
arti “orang tua” adalah tidak dikuasai hawa nafsu
paham akan dwi tunggal (menyatunya sukma dengan Tuhan).

13
Tan samar pamoring sukma
Sinuksmaya winahya ing ngasepi
Sinimpen telenging kalbu
Pambukaning warana
Tarlen saking liyep layaping aluyup
Pindha pesating sumpena
Sumusuping rasa jati
Boten samar nalika nyawiji
nresep karem ing eningipun semedi
dipunsimpen ing salebeting ati
minangka pambuka tutup (satir).
Kawitanipun, saking kahanan sadhar lan boten sadhar
kados lampah ngimpi
nresepipun rasa sejati.
Tidaklah samar-samar saat sukma menyatu
meresap terpatri dalam keheningan semadi
diendapkan dalam lubuk hati
menjadi pembuka tabir.
Berawal dari keadaan antara sadar dan tiada
Seperti terlepasnya mimpi
Merasuknya rasa yang sejati.

14
Sejatine kang mangkana
Wus kakenan nugrahaning Hyang Widhi
Bali alaming ngasuwung
Tan karem arameyan
Ingkang sipat wisesa winisesa wus
Mulih mula ulanira
Mulane wong anom sami
Sejatinipun ingkang mekaten
sampun pikantuk anugrahipun Gusti
wangsul menyang alam ingkang ngosongaken
boten remen ngumbar nepsu kadonyan
ingkang asipat kuwasa nguwasani. Sampun
wangsula ing asal mula sampeyan
he, para mudha! 
Sebenarnya keadaan itu
merupakan anugrah Tuhan
kembali ke alam yang mengosongkan
tidak mengumbar nafsu duniawi
yang bersifat kuasa menguasai. 
Kembalilah ke asal muasalmu
wahai anak muda sekalian!


Sekian artikel Bahasa Jawa dari KonsepEdukasi mengenai Pupuh Pangkur Pengertian Guru Gatra, Lagu Wilangan Contoh Lengkap! semoga artikel ini dapat bermanfaat dan membantu kamu yang sedang mempelajari Serat Wedhatama Pupuh Pangkur.



Posting Komentar

0 Komentar

Ad Code