Kumpulan Peribahasa Jawa Dan Artinya Dengan Penjelasannya 100++

 Halo sobat Konsep Edukasi, pada kesempatan kali ini kita akan belajar mengenai Peribahasa Jawa beserta dengan terjemahan Indonesia serta artinya. Peribahasa Jawa adalah sebuah kekayaan sastra budaya di masyarakat Jawa yang mengandung pesan-pesan bijak dan nilai-nilai positif di dalamnya. Peribahasa Jawa atau Paribasan (Bebasan) Jawa hingga saat ini masih terjaga dengan baik dan kental dalam kehidupan masyarakat. Peribahaa Jawa juga berisi nasihat bijak untuk kehidupan.

Kumpulan Peribahasa Jawa Dan Artinya Dengan Penjeasannya  100++
Kumpulan Peribahasa Jawa Dan Artinya Dengan Penjelasannya  100++



Ok untuk lebih jelasnya pada artikel ini akan di paparkan mengenai kumpulan peribahasa jawa yang paling sering digunakan dan memiliki makna dan terapan untuk kehidupan.

Kumpulan Peribahasa Jawa Dan Artinya Dengan Penjeasannya  100++
Kumpulan Peribahasa Jawa Dan Artinya Dengan Penjelasannya  100++


Peribahasa Jawa Dan Artinya 

Abang abang lambe/mung dingo abang abange lambe/kanggo abang abang lambe
– Tetembungan manis namung kangge samudana (ethok ethok); namung lamis kemawon
– Perkataan atau perbuatan yang hanya di bibir saja atau hanya sekadar memenuhi syarat
Abang ijoning negara
– Becik lan alaning tatanipun nagari
– Baik buruknya negara; adil tidaknya suatu masyarakat; apa yang akan terjadi pada negar
Adol lenga kari busike
– Ngedum punapa punapa badanipun piyambak boten keduman
– Seseorang yang membagikan sesuatu kepada orang lain sampai sampai dia sendiri tidak kebagian
Adol aweh tuku arep
– Tetembunganipun tiyang sesadean, mratelakaken yen barangipun boten awis
– Perlambang orang berjualan yang menandakan bahwa dagangannya murah
Adigung
– Ngendelake kaluhurane
– Orang yang mengagung-agungkan keluhurannya
Adiguna
– Ngendelake kapinteran utawi kalangkunganipun
– Orang yang mengagung agungkan kepandaiannya
Adigang
– Ngendel ngendelaken rosanipun, kadigdayanipun, kuwaosanipun
– Orang yang mengagung agungkan kekuasaannya
Adang angliwet
– Tiyang sami brandonan angsal kasil, pandumanipun undha usuk. Pedamelan perlu karangkep kaliyan pendamelan sunah
– Beberapa orang bersama sama berinvestasi pembagiannya secara berurutan; pekerjaan wajib perlu disertai pekerjaan yang sunah
Abot telak karo anak
– Namung ngrembag tedhanipun piyambak, boten ngrembag anakipun
– Orang yang lebih mementingkan dirinya daripada anaknya sendiri
Adedamar tanggal kapisan kapurnaman
– Pados patulungan dhumatcng tiyang sancs dumadakan boten kanyana malah kcpanggih margi ingkang langkung sae
– Mencari bantuan untuk menyelesaikan masalah kepada orang lain, tiba tiba mendapat bantuan yang lebih baik secara tak terduga, maka ketemulah jalan keluarnya
Adeg-adeg anteb
– Sinaunipun ngadeg lare alit, sinaosa asring tiba dangu dangu saged piyambak
– Anak yang sedang belajar berdiri atau berjalan walaupun sering terjatuh, lama lama bisa juga.
Adhang adhang tetesing embun
– Nyadhong rejeki kanthi tanpa wonten upayanipun, namung ngajeng ajeng rejeki tiban
– Menggantungkan rezeki datang tanpa berusaha apa pun; mengharapkan rezeki datang dengan sendirinya
Adoh sami tumiyung celak sami mangling
– Pralambang wibawaning nagari, kathah ingkang sami kepranan
– Perlambang kewibawaan sebuah Negara, banyak yang mengagumi
Adoh tanpa wangenan, cedhak tanpa gepokan
– Pralambanging samubarang, pawongan utawi dzat ingkang celak sanget
– Perlambang sifat Allah di dunia, jauh tak terbatas atau Maha Jauh dan Maha Dekat, bahkan melebihi dekatnya urat nadi manusia
Aji godhong garing
– wis ora ana ajine (asor banget)
Akutha saksi/Asendhen aturing saksi
– Gadhah seksi ingkang mitadosi sanget
– Orang yang bergantung kepada saksi yang sangat dipercaya untuk membelanya di pengadilan.
Akadang saksi
– Mulang dhateng saksi
– Seseorang yang terlibat persoalan pengadilan dan ia membujuk saksi untuk memudahkannya dalam memenangkan perkara
Akeh sandhungane
– Kathah alanganipun
– Banyak halangan
Aling-alingan katon
– Mukiri samukawis prekawis, Wusana kejoderan
– Berupaya menutup-nutupi perkara atau kesalahan namun akhirnya ketahuan juga
Alas padhang ora madhang
– Karusakaning papan ingkang dipun agem taumandang gawe njalari memala; rusaking wana njalari musibah ingkang ageng
– Kerusakan tempat mencari nafkah akan membuat kelaparan; kerusakan ekosistem dan kelestarian alam akan membuat tragedi kemanusiaan yang mengerikan
Amer punggung
– Mendhet darbeking tiyang tanpa tembung
– Mencuri atau mengambil sesuatu milik orang lain tanpa meminta izin dengan keperluan tertentu
Ambuwang rasa nemu kuwuk
– Mbucal barang awon, angsal lintu ingkang langkung awon
– Tidak mau menerima atau membuang barang yangjelek namun mendapatkan barang yang lebih buruk dari sebelumnya
Ambondhan tanpa ratu
– Kumalungkung tanpa sumerep ing saru siku, ngangge kajengipun piyambak
Ambidhung api rowang
– Badhe maeka, patrapipun boten ngetawisi, api-api kanca
– Orang yang berencana menipu tapi tidak tampak, berpura pura menjadi teman
Ambalang tai
– Nglampahi tumindak ala
– Orang yang melakukan perbuatan buruk
Ambegal sambi ngayang
– Nglarani tiyang sanes kanthi sanget
– Menyakiti orang lain dengan sangat
Ambles atilar dana
– Nggayuh kamulyan utawi luwar saking prakawis kanthi nyogok arta
– Menyuap agar keluar dari permasalahan yang dihadapi
Anjaring angin
– Sugih weweka, mekani memanahanipun tiyang sanes
– Sangat hati hati, orang yang berhati hati terhadap perasaan orang lain
Anirma patra
– Nyelaki prajanjian ingkang kaserat
– Menghindar dari perjanjian atau kesepakatan tertulis
Anirma dhustha
– Ngesahaken pandang utawi durjana
– Menghilangkan atau mengusir pencuri atau orang jahat
Anirrna daya/pandaya
– Ngilangaken kekuwataning mengsah; nyingkir saking prekawis ingkang boten saged karampungaken kanthi kekuwataning pribadhi
– Menghindari kekalahan dengan menghilangkan kekuatan utama lawan; orang yang berupaya menghindari permasalahan yang mungkin tidak akan mampu diatasinya|
Anirma lingga
– Ngilang pados kaslametan piyambak
– Lari menyelamatkan diri sendiri
Anirma warsa
– Ngowahi taun ingkang pesthi kangge kaperluan
– Mengubah tahun kelahiran atau yang lainnya demi kepentingan pribadi atau sekelompok orang
Anirma yukti
– Ngilangkaken pepatutan
– Menghilangkan kepatutan dalam melangkah
Angon ulat ngumbar tangan
– Ngawasaken plataning tiyang amargi badhe memendhet (nyenyolong)
– Mengamat amati seseorang karena tampak akan mencur
Angon mangsa
– Pados wekdal ingkang prayogi
– Mencari waktu yang terbaik
Angon kosok
– Pados wekdal ingkang prayogi
– Mencari waktu yang terbaik
Angon iriban
– Mawi nyawang nyawang kawontenan
– Dengan memperhatikan keadaan sekitar
Angon angin
– Pados wekdal ingkang prayogi
– Mencari waktu yang terbaik
Anggenthong umos
– Wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
Ancik ancik ing pucuking eri
– Cepeng damel tansah ngandhut kuwatos, boten angsal manah
– Bekerja dengan tidak tenang terhadap kondisi resiko yang akan diterima
Anak molah bapa kepradhah
– Sangsara amargi kelakuaning anakipun
– Menderita akibat kelakuan sang anak
Ana gula ana semut (sok ana gula, akeh semute)
– Uger kathah kamelikan kathah tiyang dhateng
– Di suatu tempat yang menarik di situ pasti banyak orang menghampiri atau menginginkan
Ana dina ana sega/upa
– Boten perlu nusahaken tedha?
– Tidak perlu mengkhawatirkan soal makan asalkan kita tetap berupaya pasti akan mendapatkannya; seseorang yang berupaya tentunya akan menuai hasil
Ana dhaulate, ora ana bejane
– Meh angsa! kabegjan nanging sande
– Akan mendapatkan keberuntungan namun gagal
Ana begjane, ora ana dhaulate
– Nggayuh kamulyan tanpa srana bakal muspra
– Orang berusaha, meraih kebahagiaan dan kemakmuran tanpa ada sarana yang mendukung akan sia sia
Ana catur mungkur
– Boten preduli (maelu) ginemipun tiyang
– Menghindari bergunjing
Ana bapang sumimpang
– Nyingkiri reribet
– Menghindari permasalahan yang rumit yang menjadi penghalang; menghindari risiko
Ana banyu ana iwak
– Papan panggenan ingkang sae utawi saged nguripi mesthi kathah ingkang nuhoni
– Tempat yang bisa dijadikan tempat bergantung hidup pasti banyak yang mencari
Ana ngarep nyandhungi, ana mburi nyrimpeti
– Tiyang utawi prakawis ingkang tasah ngreribed lampah
– Orang atau sesuatu yang selalu menghalangi langkah menuju keberhasilan
Ana sethithik didum sethithik, ana akeh didum akeh
– Cara andum prakawis utawi samubarang kanthi rata
– Membagi sesuatu dengan sama rata
Andaka atawan wisaya
– wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira bakal kalah prakarane
Andaka ina tan wrin upaya
– wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana kajibah nggoleki barang kang ilang
Andhudhuk apus kependhem
– Mbikak prckawis ingkang sampun sirep
– Membuka kembali persoalan yang sudah lama ditutup
Andum amilih
– Ngedum samubarang nanging dipun pilih rumiyin saderengipun
– Membagi sesuatu namun dipilih dahulu
Anggalak racak
– Mbangun nepsuning liyan, utawi mbangun dukaning tiyang sanes
– Memancing amarah orang lain
Anggampang tan wruh ing kunthara Manawa
– Nganggep entheng prakawis nanging boten nggatosaken akibatipun
– Menganggap ringan suatu masalah, tidak mengindahkan akibatnya
Anggayuh ing tawang, pejah tan wicara
– Boten kasil nggayuh gegayuhan ageng malah ngantos tilar boten wonten tilasipun
– Orang yang tidak berhasil mencapai cita citanya, bahkan sampai meninggal tanpa ada hasilnya
Anggayuh tuna
– Boten kasil nggayuh gegayuhan ing tengahing lampah
– Orang yang berusaha menggapai tujuan namun gagal di tengah jalan
Anggawa ban serep
– Gadhah dhemenan
– Mempunyai selingkuhan
Anggupita sabda
– Ngerih ngerih tiyang sanes mawi kathah alesan
– Meyakinkan orang lain dengan mengarang ngarang ide baru, membuat alasan-alasan persuasif
Angin kejepit njerit
– Alus basaning entut
– Bahasa halus untuk kentut
Angin silem ing warih
– tumindak ala kanthi sesidheman
Alus silem ing warih
– Pralambanging manungsa karipta saking toya lan tansah mbetahaken toya
– Perlambang bahwa manusia berasal dari unsure air, selalu membutuhkan air untuk hidupnya
Angling angling
– Ngamat ngamati kahanan saderengipun tumindak
– Mengamati situasi sebelum bertindak agar tidak salah langkah
Angkara murka budi candhala
– Solah tingkah ingkang kedah dipun tebihi dening tiyang ngagesang
– Perilaku yang harus dihindari manusia
Anglesus gumeter
– Pralambanging pristiwa ingkang dumadakan lan ngagetaken
– Orang yang tiba tiba menaging hutang tidak pada waktunya dan mendesak harus cepat cepat dibayar
Anglung angleng ganda unen ombyong ombyong
– Tandhaning kadang tani milai nanem
– Tanda para petani memulai menanam padi atau palawija
Angrong pasanakan
– Dhemenan kaliyan semahinpun tanggi
– Berselingkuh dengan suami/istri tetangga
Angus angus angadu pucuking eri
– Ngadu tiyang ingkang sami ilmunipun
– Dua orang dengan kemampuan yang sama saling beradu kepandaian
Antem krama
– Andum kanthi bobot ingkang sami
– Pukul rata, memperlakukan sejumlah hal dengan pukul rata; memperlakukan sejumlah orang tanpa diskriminasi
Apus karma
– Apus sarana alus
– Menipu dengan cara yang halus
Apes jayane
– Kawon
– Kalah
Arep jamure emoh watange
– Ajeng kamelikanipun nanging boten ajeng kesangkut prekawisipun (ajeng ecanipun boten purun kangelanipun)
– Mau enaknya tidak mau susahnya
Arep nangkane emoh pulute
– gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
Arda walepa
– Centhula, mangsulaken pitakenipun tiyang
– Orang yang angkuh
Asok bulu bekti glondhing pengareng areng peni peni raja peni guru bakal guru dadi
– Ngaturaken raja brana utawi samubarang ingkang dipun duweni pralambang pangabekti
– Pemberian upeti dari bawahan kepada rata setiap tahunnya sebagai tanda tunduk dan taat, berupa harta benda emas permata yang indah dan mahal, berbagai barang yang masih mentah ataupun yan gsudah jadi
Asor glondhong pengarem arem
– Ngaturaken samubarang ingkang sae kanthi pangajap supados gancar sakathahing urusan
– Member suap kepada pejabat atau seseorang yang mempunyai kekuasaan untuk memudahkan urusan yang diinginkan
Asor kilang munggwing gelas
– gunem manis tur marak ati lan bisa mranani sing krungu
Asrah bongkokan
– Pasrah ingkan saestu
– Menyerah tanpa syarat kepada musuh, pasrah total kepada nasib dan pasrah terhadap segala apa yang terjadi atau yang akan terjadi
Asu munggah ing papahan
– Ngrabeni tilas semahipun sedherek sepuh
– Menikahi mantan istri saudara tua
Asu gedhe menang kerahe
– Ingkang gadhah panguwaos punika mesthi menang
– Orang yang mempunyai kekuatan atau kekuasaan besar pasti akan menang
Asu belang kalung uwang
– Tiyang asor nanging sugih
– Orang kaya yang jahat atau jelek budinya
Asu arebut balung
– Pepadon tebaran barang sepele
– Berkelahi atau bertarung yang disebabkan permasalahan yang sepele
Asu marani gebug
-njarag bebaya
Asor timbang
– Lelawanan kaliyan ingkang sanes timbangipun
– Bermusuhan dengan yang tidak sebanding
Ati karep bandha cupet
– Temen ing niyat nanging boten gadhah panyengkuyungipun
– Besar keinginan namun daya dukung rendah
Ati bengkong oleh oncong
– Gadhah niyat awon angsal margi
– Punya niat jahat dan berhasil
Ateken janggut, asuku jaya
– Ngulandara dhatcng pundi pundi memadosi; nyambut damel dipun rencangi rekaos sanget
– Mencari sesuatu sampai mengembara kemana mana; berkerja dengan sangat kesukaran
Awak pendhek budi ciblek
– Pawongan alit ingkang sae budinipun
– Orang rendahan yang bersikap bersahaja, rakyat kecil yg sederhana dan rendah hati
Bacin bacin yen iwak
– Awona kados punapa yen kadang piyambak tansah dipun sengkuyung; sinaosa awon yen gadhahanipun piyambak tansah dipun ugemi
– Walaupun buruk tetapi jika masih saudara sendiri akan selalu didukung; walaupun tidak bagus bila hanya itu miliknya tetap dipakai juga
Baguguk ngutha waton
– bangkang marang pamarentah
Bahni anempuh toya
– Mengsah ingkang langkung ageng utawi awrat
– Melawan kekuatan yang jauh lebih besar, tentu dengan mudah dapat dikalahkan
Bahni maya pramana
– Dipun dakwa males ndakwa
– Tertuduh yang mengumumkan kepada publik bahwa ia akan menggugat balik si penuduh
Baladewa ilang gapite
– Ical panguwaosipun
– Lungkai karena kehilangan sesuatu yang sangat berarti
Balung tinumpuk
– Ngrabekaken anak kalih sesarengan
– Menikahkan atau melakukan pesta dua pasangan atau lebih dalam satu waktu
Balung peking
– Tiyang ingkang sekeng
Balung gajah
– Tiyang ingkang sarwi kacekapan
Balithuk kukum
– budidaya ucul saka ing kukum utawa angger angger
Banyu pinerang/banyu pinerang ora bakal pedhot
– Pasulayaning sedherek mesthi cnggal pulih
– Pertikaian antar saudara cepat selesainya
Bandhol nggrompol
– Tiyang alampah awon kempal kaliyan tiyang alampah awon
(suwe) Banyu sinaring
– Samukawis pedamelan ingkang enggal linampahan
– Suatu hal yang cepat sekali selesainya
Bang bang alum alum
– Lika likuning ngaurip; tiyang ingkang gadhah kuwasa ngedalakcn katetapan
– Suka duka kehidupan; orang kuat yang mempunyai kekuasaan untuk menentukan keputusan
Bapa kasulah anak kapolah
– Anak kajibah ing prekawising bapakipun ingkang sampun pejah
– Kelakuan
Bara tan bara
– Tembung ingkang dipun agem sesumbar tumraping pagaweyan abot; tiyang ingkang sami ilmunipun dipun adu kanthi temen
– Kata kata yang dipakai untuk sesumbar ketika menghadapi pekerjaan berat yang menandakan siap menghadapi; dua orang sama kuat saling bersaing, keduanya berusaha saling menjatuhkan lawan
Batung sinang
– nyela nyela wong guneman
Basa candhala/basa parudha
– Angkah ngagem basa ingkang awon kagem tantang tantangan
– Menantang dengan kata kata buruk untuk menantang dan melemahkan mentalnya
Basa kapracondha
– Angkah nyuwun pangapura dhumateng tiyang ingkang dipunsalahi supados pikantuk pangaksama
– Meminta maaf dahulu ketika melakukan kesalahan supaya meredakan amarah; seseorang yang mendapat perkara kemudian melapor kepada yang berwajib sebelum ada tuntutan agar mendapat keringanan
Bathok bolu isi madu
– Tiyang katingalipun asor nanging gadhah kalangkungan (kesagedan)
– Orang yang kelihatannya hina tetapi banyak kepandaian
Bathang ucap ucap
– wong loro lungan liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
Bathang gajah
– Tilasanipun tiyang mulya sanajan dados asor inggih meksa taksih rowa tinimbang sancsipun
– Orang kaya atau yang punya kekuasaan meskipun bangkrut ataupun sudah tidak punya kekuasaan lagi bahkan menjadi jelek di mata orang lain masih saja dinilai lebih dari yang lain
Bathang lelaku
– lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani
Beluk ananjak
– Tiyang ingkang wuta tuli
– Orang yang bisu tuli
Belo melu seton
– Namung tumut tumut boten sumerep punapa punapa
– Hanya ikut ikutan saja
Bebek mungsuh mliwis
– Tiyang pinter mengsah tiyang pinter namung kantun kirang ubet
– Dua orang yang sama pintar saling bertikai; dua orang atau dua kelompok saling bertarung, salah satu lebih berpengalaman dari yang lain; orang dalam berlawanan dengan orang asing
Bebek diwuruki nglangi
– Tiyang sampun saged dipun wulang punapa punapa ingkang sampun sagedi
– Mengajari orang yang sudah pandai dan ahli di bidang yang diajarkan tersebut
Bebisik nguwuh uwuh
– Wewadi ingkang kasimpen rapet kabukak nalika kabukak dening tiyang
– Rahasia yang sudah ditutup tutupi, suatu ketika terbongkar ke masyarakat ketika ada yang membukanya
Becik ketitik ala ketara
– Solah tingkah bakal kaconangan ing pungkasane
– Baik atau buruk perbuatan pada akhirnya akan ketahuan
Benceng ceweng
– Bingung; tiyang ingkang wiwitane raket nanging rikala nemu prekawis tansah sulaya ing panemu lan boten saged nyawiji malih
– Dua orang atau lebih yang punya pemikiran awal sama, tetapi ketika menghadapi suatu masalah, berlawanan sikapnya dan tidak bisa disatukan
Beras wutah arang bali menyang takere
– barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
Bidhung apirowang
– Niyate ngrencangi pungkasane nyusahaken ingkang dipun ewangi
– Niatnya mau membantu, tapi justru merepotkan yang dibantu
Bima akutha wesi
– wong gedhe kang kukuh panguwasane
Binda upaya
– Upaya ingkang licik
– Berusaha memenangkan persaingan dengan cara yang licik
Bisa njara langit
– Pinter sanget
– Sangat pintar
Blilu tau pinter durung nglakoni
– Sanajan dereng mangertos nanging sampun saged nindakaken
– Orang yang bisa melakukan suatu hal meskipun belum pernah mengerti atau belajar
Blaba wuda
– Kaliwat lomane
– Karena terlalu pemurah hingga kehabisan dan menyulitkan diri sendiri
Bolu rambatan lemah
– Prakawis ingkang embet embetan tanpa wasana
– Masalah yang meluas dan tidak ada selesainya
Bondhan tanpa ratu
– mbangkang marang nagara
Bramara mangun lingga
– wong lanang gumagusan ing ngarepe wong wadon kang disiri
Brekithi angkara madu
– wong kacilakan marga barang kang banget dikaremi
Bumi pinendhem
– Andhap asor sanget
– Bersikap susila
Budhug mumuk
– Tiyang doyan nedha doyan tilem
– Orang yang aktivitasnya lebih banyak makan dan tidur
Bubuk oleh eleng
– Gadhah niyat awon angsal margi
– Orang yang mempunyai niat jelek dan mendapatkan jalan untuk melancarkannya
Buru kidang lumayu
– nguyak samubarang kang durung karuwan wekase
Buwang rase nemu kuwuk
– nyingkiri piala, nanging malah nemu piala kang luwih saka ala
Buwang tilas
– rewa rewa ora mentas tumindak pagawe ala
Bung pring petung
– bocah kang longgor (gelis gedhe)
Buntel kadut, ora kinang ora udut
– wong nyambut gawe borongan, ora oleh opah dhuwit, mangan, lan udut
Busuk ketekuk, pinter keblinger
– Sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka
Buru uceng kelangan deleg
– nguyak barang sepele kelangan barang sing aji
Byung byung tawon kambu
– Tiyang keklempakan, boten sumerep ing rembag namung kelu ing pawartos, baten sumerep yektosipun
– Orang yang ikut berkumpul tetapi tidak tahu apa yang sebenarnya dibicarakan
-Adigang adigung adiguna.
(Orang yang mengandalkan kekuatan, kedudukan dan kepandaiannya - Ngendel-endelake kekuatan, keluhuran lan kepinterane).
-Ana catur mungkur.
(Tidak mau mendengarkan perkataan orang lain - Ora gelem ngrungokake rerasaning liyan kang ora prayoga).
-Angon mangsa.
(Mencari waktu yang tepat atau baik - Golet wektu kang becik).
-Anak polah bapak kepradhah.
(Perbuatan anak yang tidak baik maka orang tuanya kena getahnya juga - Wong tua nemu pakewuh amarga saka tumindake anak kang kurang prayoga).
-Becik ketitik ala ketara.
(Segala perbuatan baik dan buruk pada akhirnya akan kelihatan juga nantinya - Tumindak becik lan tumindak ala bakal ketara dititeni tembe mburine).
-Busuk ketekuk pinter keblinger.
(Orang bodoh maupun orang pintar tidak bisa menolak musibah/kemalangan - Wong bodo utawa wong pinter padha nema rekasa utawa nemu cilaka).
-Cincing-cincing meksa klebus.
(Tadinya ingin berhemat malah boros - Karepe arep ngirit jebul malah entek akeh).
-Ciri wanci lelai ginawa mati.
(Watak orang yang buruk tidak akan berubah sampai mati - Pakulinan ala ora bisa ilang nganti tumekanen pati).
-Criwis cawis.
(Banyak omong namun enggan untuk melakukan - Akeh omongane ananging uga mrantasi ing gawe).
-Desa mawa cara negara mawa tata.
(Setiap daerah maupun negara mempunyai adat istiadat masing-masing - Saben papan utawa daerah duwe adat dhewe-dhewe).


Ok sekian untuk materi Bahasa Jawa dari KonsepEdukasi mengenai  kumpulan peribahasa jawa, semoga dapat bermanfaat untuk kamu yang sedang mempelajari peribahasa jawa dan artinya. 

Baca Juga Bahasa Jawa Konsep Edukasi Lainnya:

Posting Komentar

0 Komentar

Ad Code