Serat Wedhatama Pupuh Gambuh Beserta Artinya Lengkap!

 Serat Wedhatama (bahasa Indonesia: tulisan mengenai ajaran utama) adalah sebuah karya sastra Jawa Baru yang bisa digolongkan sebagai karya moralistis-didaktis yang sedikit dipengaruhi Islam. Karya ini secara formal dinyatakan ditulis oleh KGPAA Mangkunegara IV. Walaupun demikian didapat indikasi bahwa penulisnya bukanlah satu orang.

Serat Wedhatama Pupuh Gambuh Beserta Artinya Lengkap!
Serat Wedhatama Pupuh Gambuh Beserta Artinya Lengkap!



Serat ini terdiri dari 100 pupuh (bait, canto) tembang macapat, yang dibagi dalam lima lagu, yaitu

  • Pangkur (14 pupuh, I - XIV))
  • Sinom (18 pupuh, XV - XXXII)
  • Pocung (15 pupuh, XXXIII - XLVII)
  • Gambuh (35 pupuh, XLVIII - LXXXII)
  • Kinanthi (18 pupuh, LXXXIII - C)

Serat Wedhatama Pupuh Gambuh Beserta Artinya Lengkap

Serat Wedhatama Pupuh Gambuh  Konsep Edukasi
Serat Wedhatama Pupuh Gambuh 



Keterangan : baris yanng bercetak tebal merupakan artinya.

PADA 1
Samengko ingsun tutur,
sembah catur: supaya lumuntur,
dihin: raga, cipta, jiwa, rasa, kaki,
ing kono lamun tinemu,
tandha nugrahaning Manon.
yen aku ngomong,
papat warno sembah supaya di lestarikke,
kapisan sembah raga cipta jiwa rasa putraku,
nang kono kui arep ketemu tanda anugrahe kang maha kuasa.

PADA 2
Sembah raga puniku,
pakartine wong amagang laku,
susucine asarana saking warih,
kang wus lumrah limang wektu,
wantu wataking wawaton.
Sembah raga yaiku,
tumindak e wong kang dek nyoba “olah batin”,
nyucike raga ngganggo sarana  banyu,
sing wes lumrah kayata lima wektu, kanggo watak kang dasar.

PADA 3
Inguni-uni durung,
sinarawung wulang kang sinerung,
lagi iki bangsa kas ngetok-ken anggit,
mintoken kawignyanipun,
sarengate elok-elok.
jaman mbiyen durung,
tau dingerteni ajaran kang kebak tabir,
gek iki ana uwong mujudake hasil  gawean,
mamerake kaisohane ,
 amalane aneh –aneh.

PADA 4
Thithik kaya santri Dul,
gajeg kaya santri brahi kidul,
saurute Pacitan pinggir pasisir,
ewon wong kang padha nggugu,
anggere guru nyalemong.
dong dong kaya nggono santri “dul”(gundul),
yen disalahke kaya santri kidul,
seko pacitan tepi pantai ,
ewonan wong sing percaya. 
Asal asalan yen ngucap.

PADA 5
Kasusu arsa weruh,
cahyaning Hyang kinira yen karuh,
ngarep-arep urup arsa den kurebi,
Tan wruh kang mangkoko iku,
akale keliru enggon.
selak pengen ngerti,
cahya kang maha kuasa dikiro isoh ditemokke,
ngarep arep gedhe kepinginan (pikantuk anugrah) nanging peteng matane,
wong ora paham kang kayanggono kui,
nalar e wes salah kaprah.

PADA 6
Yen ta jaman rumuhun,
tata titi tumrah tumaruntun,
bangsa srengat tan winor lan laku batin,
dadi ora gawe bingung,
kang padha nembah Hyang Manon.
yen jaman mbiyen,
tertib tratur runtut harmonis,
sariat ora dicarpur aduk karo olah batin,
dadi ora ngawe bingung,
gawe sing nyembah kang maha kuasa.

PADA 7
Lire sarengat iku,
kena uga ingaranan laku,
dihin ajeg kapindhone ataberi,
pakolehe putraningsun,
nyenyeger badan mwih kaot.
saktemen e sariat kui,
isoh di sebut olah,
kang sifat e ajeg lan tekun,
putraku hasil sariat yaiku,
isoh nyegerake awak supaya luwih apik.

PADA 8
Wong seger badanipun,
otot daging kulit balung sungsum,
tumrah ing rah memarah antenging ati,
antenging ati nunungku,
angruwat ruweting batos.
awak seger buger
 otot daging kulit lan balung sumsum e dadi seger,
ngaruhake geteh, ngawe tentrem ing ati.
Ketrentremen ati mbantu,
ngresikake kusut e batin.

PADA 9
Mangkono mungguh ingsun,
ananging ta sarehne asnafun,
beda-beda panduk panduming dumadi,
sayektine nora jumbuh,
tekad kang padha linakon.
ngonokui miturut ku ,
nggere aarga wong kui beda beda,
beda pula garis nasib seko kang maha kuasa.
Saktemene ora cocok,
tekad lkang pada dilakoni kui.

PADA 10
Nanging ta paksa tutur,
rehning tuwa tuwase mung catur,
bok lumuntur lantaraning reh utami,
sing sapa temen tinemu,
nugraha geming Kaprabon.
nanging kepeksa ngenehi nasehat,
amarga wes tua kewajibane meng ngenehi nasehat,
sapa ngerti bisa nglestarike dadi pedoman tumundak utama,
wong sopo temen bisa entuk,
anugrahing kamulyaan lan kahormatan.

PADA 11
Samengko sembah kalbu,
yen lumintu uga dadi laku,
laku agung kang kagungan Narapati,
patitis tetesing kawruh,
meruhi marang kang momong.
mengko sembah kalbu kui,
yen bebarengan uga dadi olah spiritual,
olah utawa spiritual tingkat duwur seng di duweni raja.
Tujuan ajaran ilmu kui,
gawe mangerti kang ngasuh awak utawa guru sejati/ pancer.

PADA 12
Sucine tanpa banyu,
mung nyenyuda mring hardaning kalbu,
pambukane tata, titi, ngati-ati,
atetetp talaten atul,
tuladhan marang waspaos.
suci e ora migunaake banyu,
nanging nahan nafsu ing ati,
wiwit saka  tumindak kang tata teliti lan ati ati utawa eling lan waspada,
teguh sabar lan tekun,
tuladha gawe tumindak waspada.

PADA 13
Mring jatining pandulu,
panduk ing ndon dedalan satuhu,
lamun lugu leguting reh maligi,
lageane tumalawung,
wenganing alam kinaot.
ing panyawang kang sejati,
mikantuk sasaran kanthi tata cara kang bener,
senadyan sederhana tata lakune mbutuhake konsentrasi,
kanthi biasa krungu swara sayup sayup ing  nyenyet ing swasana,
yakui bukaing “Alam liya”.

PADA 14
Yen wus kambah kadyeku,
sarat sareh saniskareng laku,
kalakone saka eneng, ening, eling, 
Ilanging rasa tumlawung,
kono adile Hyang Manon.
yen wes pikanthuk kaya nggono kui,
syarat e sabar kabeh tumindak e,
isoh e kanthi cara kasadaran nyenyet elingan,
kanti ilange rasa sayup sayup,
neng kono adil e kang maha kuasa ana.

PADA 15
Gagare ngunggar kayun,
tan kayungyun mring ayuning kayun,
bangsa anggit yen ginigit nora dadi,
Marma den awas den emut,
mring pamurunging lelakon.
gugur e yen miturut kagelem an e dewe ( nafsu),
ora seneng yen endah e rasa sejati,
yen ngrasaake kapinginan e kang ora isoh  kawujud.
Sanadyan mangkono awas lan ingat lah,
kanthi gawe gagaling tujuan.

PADA 16
Samengko kang tinutur,
sembah katri kang sayekti katur,
mring Hyang Sukma sukmanen sehari-hari,
 arahen dipun kecakup,
sembah ing Jiwa sutengong.
mengko yen diajari,
sembah ketelu kang saktemen e di kanggoake,
kanggo hyang sukma utawa jiwa hayati saben dina,
tinujulah kanthi pikanthuk ,
sembah jiwa iki putraku.

PADA 17
Sayekti luwih prelu,
ingaranan pepuntoning laku,
kalakuan kang tumrap bangsaning batin,
sucine lan Awas Emut,
mring alame alam amot.
temen luwih penting,
sinebut kanthi pucuk ing dalan spiritual,
tumindak olah batin,
jaga sucining kanti awas lan mesti kelingan,
karo alam kang awet.

PADA 18
Ruktine ngangkah ngukut,
ngiket ngrukut triloka kakukut,
jagad agung gimulung lan jagad cilik,
Den kandel kumandel kulup,
mring kelaping alam kono.
cara njaga kanthi nguawasani,
njipuk ngikat ngrangkul telung jagad kang di kuasani,
jagad gedhe kalah karo jagad cilik,
gedheke kayakinan mu putraku,
karo kelaping alam kono.

PADA 19
Keleme mawa limut,
kalamatan jroning alam kanyut,
sanyatane iku kanyatan kaki,
Sajatine yen tan emut,
sayekti tan bisa awor.
leleping rasa nglewati swasana “nyeyeting kabut” ,
oleh firasat ing alam kang ngayuhake,
sak temen e kaya mengkono kui kadadean saktemen e,
putraku sejati e yen ora eleng, 
saktemen e ora bisa” nyampur”.

PADA 20
Pamete saka luyut,
sarwa sareh saliring panganyut,
lamun yitna kayitnan kang mitayani,
tarlen mung pribadinipun,
kang katon tinonton kono.
dalan metu e saka luyut (batas antara e lahir lan batin),
tetep sabar melu ing “alam kang ngayuhake”,
asal ati ati lan waspada kang nuntas ake,
ora meng awak dewe,
seng ketok nang kono.

PADA 21
Nging aywa salah surup,
kono ana sajatining Urub,
yeku urup pangarep uriping Budi,
sumirat sirat narawung,
kadya kartika katongton.
nanging ojo salah ngerti,
neng kono ono sajatingin urub,
yaiku urup pambimbing,
energi panguripan akal budi.
Cahyaning luwih terang lan cemerlang, ketok kaya bintang.

PADA 22
Yeku wenganing kalbu,
kabukane kang wengku winengku,
wewengkone wis kawengku neng sireki,
 nging sira uga kawengku,
mring kang pindha kartika byor.
yaiku bukak ing lawang ati,
bukaking kang kuasa nguawasani( antara cahya kanthi jiwa),
cahya kui wes kok kuasai,
nanging kok kuasani,
kanthi cahya kang awujud bintang cemerlang.

PADA 23
Samengko ingsun tutur,
gantya sembah ingkang kaping catur,
sembah Rasa karasa rosing dumadi,
dadine wis tanpa tuduh,
mung kalawan kasing Batos.
mengko ingsun diajari,
ing sembah kang ke papat ,
sembah rasa rasa e hakekat panguripan.
Kedadean e tanpa pituduh,
mung nganggo kesentosaan batin.

PADA 24
Kalamun durung lugu,
aja pisan wani ngaku-aku,
antuk siku kang mangkono iku kaki,
kena uga wenang muluk,
kalamun wus pada melok.
Yen durung bisa nggawa awak,
ojo sepisan-pisan wani ngaku-aku,
oleh murkane kang kaya ngono kuwi putraku,
artine sopo wae nduwe hak ngomong,
yen wis ngerti kanti temenan.

PADA 25
Meloke ujar iku,
yen wus ilang sumelang ing kalbu,
amung kandel kumandel ngandel mring takdir,
iku den awas den emut,
den memet yen arsa momot.
saktemene pangajaran kuwi,
yen wis ilang ragu-ragune ati.
Nanging percaya kanti temenan karo takdir
kuwi kudu diati-ati dieleng-eleng,
digateakke yen pengen nguasani sak kabehane.

PADA 26
Pamoring ujar iku,
kudu santosa ing budi teguh,
sarta sabar tawekal legaweng ati,
trima lila ambeh sadu,
weruh wekasing dumados
Njalani pituduh kuwi,
kudu kokoh budipakertine,
teguh serta sabar,
tawakal lapang dada, nerima lan ikhlas apa anane tumindakke kang bisa dipercaya,
mangerti “sangkan paraning dumadi”

PADA 27
Sabarang tindak-tanduk,
tumindake lan sakadaripun,
den ngaksama kasisipaning sesami,
sumimpanga ing laku dur,
hardaning budi kang ngrodon.
sekabehane tindak tanduke,
dilakoni sak anane,
nguwehi pangapuro dateng kalepatan sopo wae,
ngadohi tumindak ala ,
(lan) watak angkara kang gede.

PADA 28
Dadya wruh iya dudu,
yeku minangka pandaming kalbu,
inkang buka ing kijab bullah agaib,
sesengkeran kang sinerung,
dumunung telenging batos.
sahinggo ngerti becik lan ala ne,
kaya ngono kuwi kang dadi kemantepan ati,
kang mbukak kang ngalangi/tabir antara manungsa lan kang maha kuasa,
kasimpen ing rahasia,
ing njero batin.

PADA 29
Rasaning urip iku,
krana momor pamoring sawujud,
wujuddullah sumrambah ngalam sakalir,
lir manis kalawan madu,
endi arane ing kono.
Rasa urip iku,
kanti cara manunggal ing sawijining wujud,
wujud kang maha kuasa awujud jagad raya,
kayata rasa legi amarga madu.
Kaya ngono kuwi ujarane.

PADA 30
Endi manis endi madu,
yen wis bisa nuksmeng pasang semu,
pasamaoning hebing kang Maha Suci,
kasikep ing tyas kacakup,
kasat mata lair batos.
Endimanis endi madu,
yen wis iso nggayuhake gambaran iku,
kepiye pangertene sabda kang maha kuasa,
mbokya digenggem ing njero ati,
wes jelas dingerteni kanti lahir lan batin.

PADA 31
Ing batin tan keliru,
kedhap kilap liniling ing kalbu,
kang minangka colok celaking Hyang Widi,
widadaning budi sadu,
pandak panduking liru nggon.
Ing njero batin ora tau salah,
kabeh cahaya endah digateakke ing njero ati,
kang dadi pedoman saben nggatekake hakekat kang maha kuasa,
selamete merga budi kang jujur,
ben isoh ngrasuk lan maleh “nggon”

PADA 32
Nggonira mrih tulus,
kalaksitaning reh kang rinuruh,
ngayanira mrih wikal warananing gaib,
paranta lamun tan weruh,
sasmita jatining endhog.
Ben usahamu oleh hasil,
bisa nemokake apa kang digoleki ,
gaweanmu supaya bisa ucul sing ngalangi kegaibane,
yen kowe ora ngerti,
delokna marang piye dadine endog.

PADA 33
Putih lan kuningpun,
lamun arsa titah teka mangsul,
dene nora mantra-mantra yen ing lair,
bisa aliru wujud,
kadadeyane ing kono.
putih lan kuninge,
yen arep netes wujud teko lan ganti,
ora disangka-sangka yen ing lair,
isoh ganti wujud,
kedadeane ning kono!

PADA 34
Istingarah tan metu,
lawan istingarah tan lumebu,
dene ing njro wekasane dadi njawi,
raksana kang tuwajuh,
aja kongsi kabasturon.
dipastekke ora metu,
yo ora mlebu,
sak temene ing njero akhire dadi ing njobo,
rasakno temenan,
aja nganti keliwat ora bisa mahami.

PADA 35
Karana yen kebanjur,
kajantaka tumekeng saumur,
tanpa tuwas yen tiwasa ing dumadi,
dadi wong ina tan wruh,
dheweke den anggep dhayoh
Amarga yen wis keliwat,
bisa ora tenang sedawane urep,
ora ana gunane yen sesok mati,
dadi wong hina kang bodo,
awake dewe malah dianggep tamu.

Semoga dapat bermanfaat dan membantu kamu untuk lebih memahami  Serat Wedhatama Pupuh Gambuh Beserta Artinya Lengkap. 



sumber : wikipedia, aksarizkuna


Baca Juga Artikel Bahasa Jawa KonsepEdukasi lainnya:

Posting Komentar

0 Komentar

Ad Code